Selasa, 14 Januari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

       
          Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane suwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padang, lan sapanunggalane.


A. Maca lan nanggepi teks

                                       Tumpeng


        Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun lucu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Oalahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan.


B. Nemokake nilai-nilai kang kaemot ing teks

       Babagan kang kudu digatekake yaiku :

a. Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa sega putih
b. Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih
c. Tumpeng minangka simbol keslametan, kesuburan, lan kasejahteraan
d. Tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur


C. Mbedhah isine teks
       
                                        Jadah

        Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
        Jadah uga minangka jajanan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Maya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku : abang,, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile nepak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane meathi bisa karampungake.

Isine teks ing ndhuwur, yaiku :


√  jadah minangka jajanan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten
√  jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
√  jadah uga minangka jajanan kang padatan ana ing acara tedhak siten
√  jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, biru, jingga, lan ungu
√  jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra putri wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

10 komentar: