Selasa, 14 Januari 2020

BUSANA JAWA


     

        Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. ngono iku unen-unen jawa kersanipun wong jawa ngati-ati anggone padha muna muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna. wolung werna iku ginda saka dhuwur :
1. blangkon.                           6. epek
2. beskap.                               7. timang
3. Keris.                                   8. Jarik
4. cindhe.                                9. selop
5. tagen

A. Maca lan nemokake teks dheskripsi busana jawa


Teks dheskripsi babagan busana jawa iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale.

B. Nanggepi pokok-pokok isine teks dheskripsi


      Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana jawa awake dewe kudu bisa nemokake tuntunan luhur yen sejatine nyandhang nganggo iku ora sakpenake dhewe. Tuladhane yaiku :
Busana Adat Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku : blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa stagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop. Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana 7 werna yaiku: 
~ mathak.                      ~ mondholan
~ kemodho.                   ~ ubet utawa kupon
~ wiron.                          ~ kuncung
~ cungkeng

C. Nulis teks dheskripsi


         Teks dheskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titikane dheskripsi yaiku tatanan (strukture) ana katrangan bab kang di dheskripsekake lan perangan kang di dheskripsikake. 

D. Maca teks dheskripsi


Maca kathi nyuwara iku maca kang ditujukake marang wong liya. Amarga ditujukake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi :
a. Swara kang cukup
b. Kedal kang cetha
c. Unjal napas kang bener

√ Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. 
√ Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedane. 
√ Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutane karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

16 komentar: