Selasa, 14 Januari 2020

CERKAK (CERITA CEKAK)

     
        Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung wujude kang cekak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cekak iku mung sedhela wae.
        Crita cekak umume dumadi saka sa alur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mengkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (klimaks).

A. Maca lan nanggepi isi teks cerkak

        Cerita cekak iku karangan utawa ripatan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane yaiku :
- prekara (tema)
- paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan)
- lakune crita (alur/plot)
- anggone pangripta nyritakake (point of view)
- kapan lan papan kedadeyane (setting)
- wulangan utawa tuntunan (amanat)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks cerkak

        Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur kang becik, upamane bab katresnan kalebu :
1. Tresna marang sasamane
2. Tresna bangsa
3. Tresna budaya, lsp
        Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggalane.


C. Nulis sinopsis teks cerkak

        Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu cerita cekak. Urutan lan biasane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis yaiku :
• paraga
• watak
• wose (intine)
        Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita kui. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis cekak
  
        Naliti sinopsis ing kene mengku arep, kanca padha kanca (sameja umpamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya mengkene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Sing di sunting yaiku :
~ aksarane
~ rutute ukara
~ tandha wacane


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

8 komentar: