Selasa, 14 Januari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

       
          Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane suwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padang, lan sapanunggalane.


A. Maca lan nanggepi teks

                                       Tumpeng


        Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun lucu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Oalahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan.


B. Nemokake nilai-nilai kang kaemot ing teks

       Babagan kang kudu digatekake yaiku :

a. Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa sega putih
b. Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih
c. Tumpeng minangka simbol keslametan, kesuburan, lan kasejahteraan
d. Tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur


C. Mbedhah isine teks
       
                                        Jadah

        Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
        Jadah uga minangka jajanan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Maya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku : abang,, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile nepak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane meathi bisa karampungake.

Isine teks ing ndhuwur, yaiku :


√  jadah minangka jajanan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten
√  jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
√  jadah uga minangka jajanan kang padatan ana ing acara tedhak siten
√  jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, biru, jingga, lan ungu
√  jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra putri wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

CERKAK (CERITA CEKAK)

     
        Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung wujude kang cekak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cekak iku mung sedhela wae.
        Crita cekak umume dumadi saka sa alur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mengkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (klimaks).

A. Maca lan nanggepi isi teks cerkak

        Cerita cekak iku karangan utawa ripatan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane yaiku :
- prekara (tema)
- paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan)
- lakune crita (alur/plot)
- anggone pangripta nyritakake (point of view)
- kapan lan papan kedadeyane (setting)
- wulangan utawa tuntunan (amanat)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks cerkak

        Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur kang becik, upamane bab katresnan kalebu :
1. Tresna marang sasamane
2. Tresna bangsa
3. Tresna budaya, lsp
        Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggalane.


C. Nulis sinopsis teks cerkak

        Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu cerita cekak. Urutan lan biasane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis yaiku :
• paraga
• watak
• wose (intine)
        Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita kui. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis cekak
  
        Naliti sinopsis ing kene mengku arep, kanca padha kanca (sameja umpamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya mengkene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Sing di sunting yaiku :
~ aksarane
~ rutute ukara
~ tandha wacane


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

BUSANA JAWA


     

        Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. ngono iku unen-unen jawa kersanipun wong jawa ngati-ati anggone padha muna muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna. wolung werna iku ginda saka dhuwur :
1. blangkon.                           6. epek
2. beskap.                               7. timang
3. Keris.                                   8. Jarik
4. cindhe.                                9. selop
5. tagen

A. Maca lan nemokake teks dheskripsi busana jawa


Teks dheskripsi babagan busana jawa iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale.

B. Nanggepi pokok-pokok isine teks dheskripsi


      Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana jawa awake dewe kudu bisa nemokake tuntunan luhur yen sejatine nyandhang nganggo iku ora sakpenake dhewe. Tuladhane yaiku :
Busana Adat Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku : blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa stagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop. Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana 7 werna yaiku: 
~ mathak.                      ~ mondholan
~ kemodho.                   ~ ubet utawa kupon
~ wiron.                          ~ kuncung
~ cungkeng

C. Nulis teks dheskripsi


         Teks dheskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titikane dheskripsi yaiku tatanan (strukture) ana katrangan bab kang di dheskripsekake lan perangan kang di dheskripsikake. 

D. Maca teks dheskripsi


Maca kathi nyuwara iku maca kang ditujukake marang wong liya. Amarga ditujukake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi :
a. Swara kang cukup
b. Kedal kang cetha
c. Unjal napas kang bener

√ Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. 
√ Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedane. 
√ Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutane karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020

GAMELAN

A. Deskripsi Gamelan

                

        Gamelan iku mujudake piranti musik jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungso. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungso mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhane musik jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu lagu utawa tembang-tembang jawa kang umume diarani gendhing.
Gamelan iku mujudake piranti musik Jawi padatan kanggo pangiring sekar. Tumrape wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungso. Karepe, saged kanggo nodhi utawa nguji kepiye raos pangrasane menungso kresa nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga saged diarani gangsa nuwun inggihi adalem tetabuhane musik Jawi kang ricikane akeh kanggo ngiring sekar sekar utawa sekar-sekar Jawi kang umume diarani gendhing.

B. Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata :


√ bonang panerus.                     √ slenthem
√ bonang barung.                       √  gender panerus
√ kempul lan gong.                    √ gender barung
√ kenong.                                     √ demung
√saron panerus.                         √ gambang
√ kethuk lan kempyang.           √ rebab lan kendhang


C. Maca lan nanggepi teks eksposisi gamelan

Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelasake kedadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kanthi cetha.

• Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetel nyawiji.
• Larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.
• Laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6.
• Laras pelog nyakup titilaras 1,2,3,4,5,6,7.


D. Mbedhah perangane teks eksposisi


Tuladha teks eksposisi ing ngarep bisa ditemokake titikane teks eksposisi. Titikane yaiku ana pambuka,isi,panutup. Tuladhane ing ngisor iki :

Pambuka  : "Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji".

Isi          : "Sanajan cacahe akeh,nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilarasi kanthi premati lan ditata kanthi becik".

Panutup   : "Kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna-werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji".


E. Nulis teks eksposisi

Nulis teks eksposisi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang gumathok. Pranatane kang gumathok yaiku ana pambuka, isi, lan panutupe.




Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

TEMBANG MACAPAT




Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajawi ngewrat pupuh pangkur kaliyan pupuh sinom ugi ngewrat pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh ingkang datheng tiga, isine 15 pada.

 A. Maos lan nanggepi teks Serat Wedhatama pupuh pocung.

POCUNG

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku.
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangese dur angkara.

B. Nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan.


Pupuh pocung ingkang Serat Wedhatama ngewrat tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saking ' Ngelmu iku ... ' dumugi sekar 'angkara'.

●  Guru gatra saben sapada sekar Pocung wonten 4.

● Guru lagu sekar pocung yaiku u, a, i, a.

● Guru wicalan sekar pocung yaiku 12, 6, 8, 12.

● Supados gampil disadar emut, guru wilangan, lan guru lagune sekar pocung, biasane diserat 12u, 6a, 8i, 12a.

C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.

POCUNG

Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha,
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk menumpas angkara murka.


        Namung salah siji dening 15 pada lebet pupuh Pocung Serat Wedhatama. Dening pada ingkang sampun dimaknakake dados basa indonesia wau saged ditemokake tuntunan lebet sugeng, umpamane :
-  Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha.
-  Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
-  Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa
-  Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.

D. Mbedhah perangane Serat Wedhatama pupuh Pocung.

          Kados ingkang diandharake lebet ngajeng, sekar pocung menika dibangun dening larikan-larikan ingkang disebutani guru gatra cacahe wonten sekawan gatra. Wiwit gatra sesekali ngantos gatra sekawan sedaya wonten aturan. Trapsila punika saged kagem gondhelan rikala melangka tembung Pocung. Menawi melangka sekar Pocung mboten lagune sekar pocung kados ngandap menika

Ngel/mu/i/ku/ka/la/ko/ne/kan/thi/la/ku/            12U
Le/kas/e/la/wan/kas/                                              6A
Te/ges/e/kas/nyan/to/sa/ni/                                   8I
Se/tya/bu/dya/pa/nge/kes/e/dur/ang/ka/ra/       12A

E. Nulis cakepan sekar Pocung.

          Nulis sekar Pocung menika kedah ndherek trapsila ingkang gumathok kang disebutake lebet ndhuwur wau.  Trapsila ingkang gumanthok punika guru gatra, guru wicalan, kaliyan guru lagu. Supados saged nulis cakepan sekar Pocung. Wiwitana kanthi ngasta ukanten bebas.

~ Ukanten bebas lan cakepan tembang pangkur

12U = Supaya negara kukuh budaya kudu utuh. Karben kukuh, budaya bangsane wutuh,
6A = Utuh, tuwuh, lestari, lan ngrembaka. Tuwuh lan ngrembaka,
8I = Mulane budaya jawa kudu diuri-uri. Dijaga murih lestari.
12A = Supaya ora ketindhihan budaya manca. Supaya ora kelindhih budaya manca.



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA